Created (c) by Blog-JmK

Sabtu, 29 September 2012

""QHUSNUL QHOTIMAH""




بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ


Ayo Sedulur Seng Sregep Ngaji
Ngaji Iku Sanguine Mati
Wong Mati Iku Banget Larane
Sebab Nyawane Ilang Saking Awa’e

Wong Urip Ning Ndonyo Iku Mung Sesaat
Mengko Sing Age-Age Anggonmu Tobat
Tobat Saking Sakabeh Maksiat
Mumpung During Teko Waktune Wafat

Untung Temen Wong Sing Gelem Solat
Lan Ngakeh-Ngakehi Moco Sholawat
Sholawat Maring Nabi Muhammad
Sebab Ngajeng-Ngajeng Angsal Syafa’at

Ya Allah Gusti Kito Nyuwun
Pinaringan Istiqomah
Ya Allah Gusti Kito Nyuwun
Mbenjang Pejah Khusnul Khotimah

Ya Allah Gusti Kito Nyuwah
Pinaringan Umur Berkah
Kangge Ibadah Lan kanti To’at
Lan Nebihi Laku Maksiat

Ya Allah Gusti Kito Nyuwun
Pinaringan Rizki Katah
Saget Kangge Amal Jariyah
Lan Ziarah Dateng Mekkah






ٱلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ ٱلْعَٰلَمِين
 
back to top