Created (c) by Blog-JmK

Sabtu, 29 September 2012

""SYA'IR BUAT NGAJI""




بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ


Poro Sedulurku Islam Jaler Istri
Ayo Podo Golek Ilmu Kang Wigati
Ilmu Agomo Kanggo Sangune Mati
Sowan Maring Ngarsane Kang Moho Suci

Eleng-Eleng Kito Kabeh Kudu Iling
Kanjeng Nabi Sampun Pesen Sampun Meling
Podo Cekelono Dadiho Pepiling
Dadi Wong Islam Wajib Ngaji Ojo Mbeling

Wong Kang Akeh Ngamal Bagus Ing Donyane
Besuk Bakale Suwargo Balesane
Papan Panggonan Kang Sarwo Ngepenakne
Panganan Kang Enak-Enak Disuguhne

Soho Widodari Ingkang Ayu-Ayu
Podo Mapak Karo Mesem Ngguya-Ngguyu
Podo Gandeng Ngrangkul Lan Ngrayu-Ngrayu
Marang Poro Bapak Ibu Kangmas Mbakyu

Mature Sampun Dangu Kulo Ngentosi
Kerawuhan Panjenengan Dateng Mriki
Kasur Lan Bantal Sampun Kulo Cawisi
Yen Ngajak Turu Bareng Kulo Turuti

Mendah Banget Senenge Banget Ayeme
Bejane Wong Kang Akeh Ngamal Baguse
Widodari Kang Ayu Dadi Bojone
Yen Ngladeni Sarwo Penak Lan Nglegakne

Podo Guyonan Koyo Pengantin Anyar
Isih Sore Uwis Ngejak Mlebu Kamar
Lawang Ditutup Banjur Mateni Dimar
Turu Bareng Tumeko Metune Fajar

Cekap Semanten Atur Saking Kawulo
Menawi Lepat Kulo Nyuwun Ngapuro
Mugi Gusti Allah Ingkang Moho Mulyo
Ngapuro Dateng Sedoyo Doso Kawulo






ٱلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ ٱلْعَٰلَمِين
 
back to top