Created (c) by Blog-JmK

Sabtu, 29 September 2012

""SEKARAT PATI""




بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ


Ojo siro banget-banget
nggonmu bungah ono ndonyo
Malaikat juru pati
nglirak nglirik marang siro
Nggone nglirik malaikat
arep njabut nyowoniro
Yen wes teko titi mongso
kudu budal gak keno semoyo

Larane sekarat pati
Sewu loro dadi siji
Mergo uripe podo lali
Marang tuntunan agami

Ninggal solat ninggal ngaji
Mung maksiat sing dilakoni
Mulo urip sing ati-ati
Tembe mburi ben ora rugi

Sopo wonge gelem iman
Taat mring dawuh pangeran
Uripe tekun sembahyang
Ora lali nderes qur’an
Rino wengi seneng wiridhan
Amal sunah dadi pakulinan
Lamun mati sekarate gampang
Ora kroso babar pisan






ٱلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ ٱلْعَٰلَمِين
 
back to top